Humor Lucu: Kesasar Ning Alas | Cerita Komedi Bahasa Jawa

Humor Lucu - Suatu hari ada 3 pemuda yang sedang berpetualang di tengah hutan. (singkat cerita mereka kesasar)
humor-lucu-kesasar-ning-alas-cerita

Humor Lucu - Suatu hari ada 3 pemuda yang sedang berpetualang di tengah hutan. (singkat cerita mereka kesasar)

Cungkring: wah rasa rasane awak dewe iki kok kesasar..!

Densu: iyo iki kring kesasar tenan..

Nonot: wah repot iki, wes ngene wae do golek bantuan..

Densu: bantuan nek ndi?

Nonot: Google map ah..

Densu: wah iyo, kring jajal nganggo hp mu kring takon jalan keluar..

Cungkring: okeee (buka hp, google map, langsung klik ngucap) OKE GOOGLE TUNJUKAN WARUNG KOPI TERDEKAT

*dikeplak densu karo nonot*

Densu: ndasmuuu kui,, golek jalan keluar kok malah warung kopi terdekat..

Cungkring: sek go lek, mikir jalan keluar yen karo ngopi kan cocok ah..!! Nk menowo bakule ayu mengko gak usah metu ko hutan iki lah..

Nonot: ndasmu kui, wes wes nganggo hp ku wae..

*nonot golek tempat (nek ngisor wet gedi) hp di buka, di iringke nyawang hp karo matane melotot*

Densu: not, cepet ah, takon google map kok ora bar" malah meneng..

Nonot: sek ah, iki lagi tekan pemanasan kok,, lagi menit ke 3 iki.. 

Densu: lho kowe iki nonton opo?? (karo penasaran dikiro nonton sing aneh")

Nonot: iki lho nonton bal balan..

Densu: eeee nonton bal balan tak kiro nonton bal balan.. Wes wes tak aku sing takon google map wae.. OKE GOOGLE, ARAH JALAN KELUAR DARI HUTAN INI, KARENA SAYA KESASAR..

GOOGLE: Maaf, wajah anda terlalu songong untuk bertanya..!

Densu: google cookk jaran..! Kowe wae kring sing takon.. Ojo takon bakul kopi meneh lho..!

Cungkring: oke google kemana arah jalan keluar dari hutan ini..

Google : maaf, kami tidak melayani orang jelek..

Cungkring : cokk jaran tenan anci kok..

Nonot: wahhh wes sido kesasar tenan iki..

Densu: yo wes ayo angger mlaku, sopo ngerti ketemu jalan keluare..

*pas mlaku ketemu ngatemo lagi dodol gorengan*

Cungkring: lho iku ono bakul gorengan, berarti cedak karo jalan keluar iki.

Densu: iyo kring, undang jajal..!

Cungkring: leeeek leeek bakul pentol,

Ngatemo: oke bos,,... Piye bos?? 

Cungkring: tuku gorengan ah,, kowe gorengan ora not nonot?

Nonot: iyo ah kring, sedino ubeng"an wetengku yo ngelih lho..

*gorengan di pangan*

Densu: wes piro lek mbayare, gorengan iki  mau..

Ngatemo: gak usah mbayar gratis.

Cungkring: lhooo cocokk, matur suwun yo lek..!

Densu: sek ah lek, iki mau ceritane aku karo konco" ku do kesasar, arep golek jalan keluar.. Malah kebeneran ketemu kowe dodolan pentol nek kene.. Aku tulung dohno jalan keluar ko hutan iki ah..

Ngatemo: jalan keluar opo?? Iki wae aku wes seminggu ubeng"an nk kene ra iso metu kok.. Iku sing mbok pangan yo stock gorengan minggu wingi.. Turahane tak pangani angger dino..

Densu,cungkring,nonot: juiiih juiiihhhh huweeeekkkk... Cokkkk jaran berarti kowe lah yo kesasar??

Ngatemo: iyo leh, mulane kui mau pentole tak gratis i.. Soale aku seneng, ono koncone kesasar...

Densu,cungkring,nonot: cokkk jaran..!!!

Ngatemo: mringis ala cowboy..

Ngatemo: nek ngono aku melu kowe-kowe ae yo, sopo ngerti iso melu nemu jalan keluar..

Cungkring: melu yo melu, tapi sakpiro sangarmu???

Ngatemo: aku seminggu kesasar nek alas..

Cungkring : lha terus?

Ngatemo: saiki aku iso ngomong karo ketek (monyet)

Cungkring: lha endi?

Ngatemo: lha iki (ndudingi cungkring)

Cungkring: cok jarann aku diarani ketek...???

Densu: lhoo yo anci bener kok, berarti anci sangar wong iki..!! Yo wes ayo gabung..!

Ngatemo: okeeeee.!!

Nonot: yo wes ayo lanjut perjalanan wae yok, selak sore..

*lanjut perjalanan*

*Pas mlaku ketemu karo dukun*


Cungkring: lhooo iki bakul opo maneh? Bakul akik iki mesti..

Dukun: bakul akik ndasmu kui..!

Cungkring: lho lha piye lek?

Dukun: lak lek lak lek kapan aku rabi karo bulek em??

Cungkring: lha opo, mbah?

Dukun: mbah mbeh mbah mbeh, mbok kiro mbuuuaahem ta piye?

Cungkring: salah maneh..

Dukun: wes wes, aku ngerti yen kowe kowe podo kesasar..

Iyo mbah

Dukun: wes ngene wae, kowe dak pengen do metu soko alas iki a...??

Iyo mbah

Dukun: yen kowe do pengen do metu ko alas kene,  aku nduwe syarat..

Densu: Syarate opo mbah?


Dukun: oke ngene, tulung aku golekno buah, sak uwong sak jenis..

Oke 

*podo lungo golek buah*


*wes podo entuk buah terus kumpul marani dukun*

Dukun: piye wes podo entuk buah?

Wess mbah

Dukun: kowe entuk buah opo? (nduding nonot)

Nonot : anu bos, aku mung oleh buah klengkeng..

Cungkring: hahahahahahaha,, mung buah klengkeng, ora marai wareg.. Pateni ae caiku mbah, pateni ae..!!

Dukun: meneng sek...!! Wes yen ngono klengkeng kui untal ojo di oceki, ojo di kunyah langsung leg..!

*klengkeng di untal nonot langsung ngilang criiinggg*

Densu: lhoo nek endi parake nonot kui mau?

Dukun: wes tak sihir langsung tekan omahe.. Saiki kowe (nduding ngatemo) kowe nggowo buah opo? Langsung wae untal ben iso langsung tekan omah..!

Ngatemo: oke bos, aku nggowo buah matoa...

*Densu karo cungkring malah sedih*

Ngatemo: lhooo kowe ngopo malah sedih? 

Densu: huwaaaaaaaa (ditakoni malah tambah nangis) aku mau nggowo buah jeruk lek,, iki mengko yen tak untal dak sido manggok nek tenggorokanku??

Cungkring: huwaaaaaaaa (nangis tambah bsnter) kowe ijeh apik nggowo jeruk..

Densu: lha kowe nggowo opo kring?

Cungkring: duren lek...!!! Huwaaaaaaaaaaaaaaaaa

Densu rasido nangis malah ngguyu bekakakannnnnnn...!! Huwaahahahahaha

Ngatemo karo dukun ngguyu ngasi njungkir njungkir...

Densu: KRIIIIIIING KRIIIIIIINGGG...!!! COOKK JARAN...!!

*PERAN*

Petualang:
- Cungkring
- Densu
- Nonot
- Ngatemo (penjual keliling yg bergabung)

Dukun:
- Dempo